Assalamu’alaikum wr wb
Selamat pagi
Selamat siang
Selamat sore menjelang malam
Kanggo “bolo ngelu” kabeh
Sing lagi ngelu sirahe “cekot…cekoot.. macekoot”
Kakean mikir Pelajaran nang sekolah
Stel kendo wae bolo
Ora usah ngelu
Dilumat wae soale
Ning chanel Ngelumath….
Ngelumath “Solusi Ngelu Mikir Mapel Sekolah”
Ngelumath “Bablas Ngelune”
Ojo lali subkreb, follow,
Karo dishare ning bolo liyane
Ben ora ngelu berjamaah… wkk
Ojo lali moco sholawat disik yo bolo,
Ben padhang pikirane
Bismillahirrohmaanirrohiim
Allohumma sholi ala Muhammad wa aali Muhammad
Saiki awake dewe arep bahas soal tentang:
Kompetensi Inti :
Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, prosedural berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah.
Kompetensi Dasar:
Menelaah teks cerkak
Materi:
Cerkak
Indikator Soal:
Menentukan unsur-unsur pembangun dalam teks cerkak
Contoh Soal:
Bacaan :
Wiwit cilik aku wis didhidhik bapak supaya tansah mituhu dhawuhe ibu. Nganti bapak tau ngelingake aku ngene : “Aja pisan wani mbantah dhawuhe ibumu. Nadyan dhawuhe iku kleru pisan, ora perlu kok bantah”
Soal :
Amanat kang kakandhut saka pethilan cerkak ing dhuwur yaiku ?
Jawaban :
Dadi bocah kudu manut dhawuhe ibu
Bacaan :
Ahmad bocah kang isih sekolah ing bangku SMK kira-kira kelas 10. Panggaweyan saben dinane, sawise mulih sekolah mangan, sinau banjur ngrewangi bapak lan ibune menyang sawah.
Saben sore Ahmad ngaji ing madrasah diniyah ing desane nganti bengi. Ahmad dadi bocah kang santun marang wong sing luwih tuwa, amarga sangune ngaji lan dhidhikane wong tuwane
Soal :
Saka crita ing dhuwur watake paraga yaiku ?
![liflet [ngelumath.com]](https://ngelumath.com/wp-content/uploads/2024/03/2.png)
Jawaban :
Sregep lan santun
Mugo mugo bolo ngelu wis ora bingung meneh..
sinau sing tenanan..
ben dadi dokter.. wkwkwk..