Assalamu’alaikum wr wb
Selamat pagi
Selamat siang
Selamat sore menjelang malam
Kanggo “bolo ngelu” kabeh
Sing lagi ngelu sirahe “cekot…cekoot.. macekoot”
Kakean mikir Pelajaran nang sekolah
Stel kendo wae bolo
Ora usah ngelu
Dilumat wae soale
Ning chanel Ngelumath….
Ngelumath “Solusi Ngelu Mikir Mapel Sekolah”
Ngelumath “Bablas Ngelune”
Ojo lali subkreb, follow,
Karo dishare ning bolo liyane
Ben ora ngelu berjamaah… wkk
Ojo lali moco sholawat disik yo bolo,
Ben padhang pikirane
Bismillahirrohmaanirrohiim
Allohumma sholi ala Muhammad wa aali Muhammad
Saiki awake dewe arep bahas soal tentang:
Kompetensi Inti :
Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, prosedural berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah
Kompetensi Dasar:
Memahami isi petikan teks novel berbahasa Jawa
Materi:
Novel
Indikator Soal:
Mengidentifikasi unsur pembangun novel berbahasa Jawa lisan maupun tulisan
Contoh Soal:
Bacaan :
Pethikan Novel Ngulandara
Soroting rembulan ingkang dadosaken coloking dalu kados ngarih-arih nem-neman kalih wau. Ramyang-ramyang damel sekecane pandulu lan tentreming manah. Dereng ngantos katog anggenipun asaput ing mega kandel, Rapingun rumaos kagelan ing manah, satemah noleh ngiwa, ing pangangkah badhe pitaken dhateng Raden Ajeng Tien, kadospundi raosipun manahipun. Nanging Rapingun kaget sumerep Raden Ajeng Tien suntrut pasemonipun, lenggahipun kaliyan sendhakep.
Rapingun ing rumaos dados pamomong, kepengin sumerep punapa sebabipun dene Raden Ajeng Tien taksih ketingal sedhih, mangka pancenipun kedah kosok wangsulipun, awit sampun luwar saking bebaya. Murih boten andadosaken kegeting manahipun Raden Ajeng Tien, wicantenipun Rapingun kadamel alon.
Kanthi ewah-ewahan, dening: Margana Djajaatmadja
Soal :
Latar wektu saka pethikan novel ing dhuwur yaiku ?
![liflet [ngelumath.com]](https://ngelumath.com/wp-content/uploads/2024/03/2.png)
Jawaban :
wengi
Soal :
Saka pethikan novel ing dhuwur, Rapingun duweni watak ?
Jawaban :
sopan lan tanggung jawab
Soal :
Ing ngisor iki kalebu unsur intrinsik novel, kajaba ?
Jawaban :
Rima
Soal :
Kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lan sapanunggalane ing sajroning novel diarani ?
Jawaban :
Tema
Mugo mugo bolo ngelu wis ora bingung meneh..
sinau sing tenanan..
ben dadi dokter.. wkwkwk..